ACTIONE GURU2NE AWAK DEWE
12/27/2008 11:46:00 AM | Author: alumni
Wah aq akeh laline rek, nek sing ngarep klambi putih iki P Soepardjan (Kewarganegaraan), klambian kemejo ijo P Soenardi (Ilmu ukur sudut, nek macem2 biasane arek2 ditotok garisan segitiga), klambi abang iku p Soeparno yo, (Geografi), Liane wis lali rek! Ohiyo sing ngadeg ngarep dewe iku Bu Herlis yo guru Geografi. Nek salah komntarono rek, tak enteni yo! Jare Anie, mburine P Nardi iku P Erjon sing ngajar Biologi, trs jarene mburine Bu Herlis iku Bu Hen.
|

15 komentar:

On Desember 27, 2008 , Anonim mengatakan...

Anie Trie (SMP3'76) wrote:
Waduh..tibakno guru-gurune awake dewe masio jadul tapi gak mati gaya ya'. Aku dadi rodo terharu kelingan alm ibuku.
Fuddoly ancene Jos temen rek, koleksi fotone ..lintas usia bo'. Jangan-jangan dekne duwe fotoku sing sik bayimureb ndik mejo trus gak klambenan..he4x.
Aku coba nambahin jenenge guru-guru sk elingku yo, mburine pak Soenardi iku lek gak salah pak Erjon, guru Biologi. Dibelakang bu Herlis, iku ibu Hen.//nyAN//

 
On Desember 27, 2008 , Anonim mengatakan...

oyo oyo tebak an rek, sopo sing iso nebak bener oleh hadiah ....***tri

 
On Desember 27, 2008 , Karom mengatakan...

aku malah sing eling cuma pak Karjan tok soale tau disawat kapur mergo ngelamun nang kelas .. he he

 
On Desember 27, 2008 , Anonim mengatakan...

nik Pak Erjon duduk guru biologi tapi guru Fisika
Era

 
On Desember 27, 2008 , Anonim mengatakan...

Dian"Olive"iki,Rom,koen disawat kapur mergo nglamun,lha wong kotak sangumu sing isine roti tawar,kari,gak katut nang njero tas koper"ECHOLAC"mu,lak iyo se? Hei rek,nek sing hem ijo iku P.Pardi,guru ilmu ukur.Segitiga samasisi, phytagoras.Trs BuHerlis iku guru sejarah,dudu geografi.Nek mulang mbiyen,"Anak2,Perang Diponegoro berlngsung dr thn 1825 sampe th.1830,penyebabbnya krn Pangeran Diponegoro tersinggung krn Belanda melanggar batas wilayah yg mnjdi hak Kesultanan Ygyakarta. Napoleon Bonaparte,setelah kalah perang musim dingin di Waterloo,ditangkap lalu dibuang kePulau Corsica kmdn dipndah keP.Sisilia smpe akhirnya meninggal dunia diP.Sisilia. Nek P,Parno,iku guru Ilmu bumi,dhawuhe nek mulang:"Anak2,ada berjenis2 awan,al.awan cumulus,terdiri dr kumpuln awan tipis,ringan dan tidak mnimbulkan hujan,sdgkn awan nimbus yaitu awan tebal,hitam brgumpal2 dan mngandung air,yg akhirnya mnmbulkn hujan.Sungai trbesar diInd,adalh Sungai Barito.Daerah penghasil intan dalh Martapura.Hasil bumi dari Amuntai dan Barabai adalah Bebek Alabio" Nek mulang awake dw,buku wajibe HPU,alias Himpunan Pengetauan Alam.Buku iku mbiyen uangel golekane. Bapakku sampe muter2 nggolekno,mulai Sari Agung,Gading Murni,mBlauran,..ee ketemune ndik los buku bekas ndik Pasar Turi.Nek P.Erjohn iku guru fisika,rek!dudu biologi.Mosok gak eling,nek mulang tentang "Kutub magnet,selalu tarik-menarik,kumparan listrik"opo meneh iko. Bu Henrarti,iku ngajari nyanyi.Lhoo..iyo rek,sing ageman abang iku BU Keni la'an se?ibu'e Henny,beliau Guru basa Inggris.Mbiyen jik onok MTQ tngkat Nasional,kita lak diajari nyanyi,ngene lagune:"Gema Musabaqoh Tilawatil Quran,pancaran Illahi,cinta pd Allah,nabi dan negara,wajib bagi kita.Limpah ruah bumi Ind,Adil makmur sentosa..Baldatun Toyiba Tun warobun gafur pasti terlaksana"

 
On Desember 28, 2008 , Anonim mengatakan...

Anie Trie (SMP3'76) wrote:
He...he, iyo Era, aku kok lali nek pak Erjon iku guru Fisika yo..bareng tak eling-eling maneh guru biologi iku asmane pak Soewardi, walah rek wis kewut nemen aku iki yo. Thanks koreksinya ya Era.
Lo...lak temenan tah , nek wis ketekan Dian, omah iki dadi rua..mme pol. Arek iki ancen cerdas o ye, sampe eling sembarang kalir,mulai merk tas-e cak Karom sampe detail materi pelajaran. Kiro-kiro arek iki apal diluar kepala UUD'45 (gudu' preambul lo). Cuman Dian agak kurang tepat me-nyebut pelajaran-e bu Herlis, beliau iku ngajar Geografi rek. Sing mulang awake dewe tentang jenis batuan, sedimen, batuan hitam. Terus tentang galaksi, planet-planet...ngono lah. Kebetulan adik iparku kawin ambe putri-ne bu Herlis, dadi sampe saiki aku masih sering berkomunikasi dg beliau. Kemudian,ibu guru sing paling mburi (mburine bu Hen) koyone iku asmane ibu Sudiarti atau Sugiharti, bukan ibu Kenny. Nek gak salah beliau ngajar olah raga....he..he, mugo-mugo tebakanku bener. Gimana pak Era, udah bener belon ? Dalem rantos komentaripun panjenengan.//nyAP//

 
On Desember 28, 2008 , Karom mengatakan...

bener kon Nik .. Dian iku areke cilik tapi memorine gede .. tapi pancen sing klambi abang iku duduk bu Kenny lek bu Kenny aku apal soale

ngomong2 guru2 ne kene sing isih Sugeng sopo ae yo .. perlu kita sowan-i rek wajib malahan

 
On Desember 28, 2008 , Anonim mengatakan...

Mosok to,rumangsaku mucal sejarah.Onok neh guru sjrah,pak sopo iko asmane,beliau gaene dijenengno "Johnny Gudel".Trs BuMardiyani,sing slirane cilik,putih,mesti sanggulan,mucal basa daerah.Paromosastro! Lho Niek,nek sing mucal Sistim Tatasurya,Galaksi Bimasakti,galaksi Andromeda,iku lak Bu Narti ibu'e Bidi cilik sing nuakal iku. Rom,awakmu ngarani aq cilik,wong akaeh koncone awake dw sing cilik2 al,Yuhani Desmawati,arek iki putih cilik,ethes,nek omong mesti ambek ngguyu,lambene abang masiyo gak bengesan,trs Tuti Maryati,omahe ndik Kranggan menggok ngiwo,arek iki anteng,rapi trs,suampek mole sekola kaos kakine gak tau mlorot.Hoii eling aq,mbiyen awake dw yo nduwe konco jenenge Izni Pertiwi,eling Rom? arek iki lungguh jejer aq kls 1C,senengane crito pesta ae,nek pesta nyewo disco,arek iki lucu,nek omong,ta crito ngono mesti athik embuh...misuh!hahaha,Awakmu lak eruh se,Niek?(Dian"Olive")

 
On Desember 28, 2008 , Anonim mengatakan...

Anie Trie (SMP3'76) wrote:
Bener cak Karom...mungkin tondo-tondone arek pinter iku, sampe ndik usus pun isine memori hafalan pelajaran sekolah, guduk panganan...mangkane dekne apal sembarang kalir, sampe kaos-e kaki Tuti gak mlorot barang...ha...ha Dian..Dian, arek kok cek cerdas-e, aku wis gak kelingan blas, opo sing diomongno dekne iku. Tapi Dian sayang, ibu Narti- ibune Budi,iku mengajar Fisika, kaitane ambe Galaksi iku beliau nerangno "jarak antara planet A ke matahari adalah sekian kilometer cahaya, terus membahas kecepatan dsb,ngono lo say.
Well..cak Karom, aku sangat setuju kita akan sowan ke guru-guru kita. Aku masih inget waktu ibu-ku dalam kondisi koma di Surabaya, hampir seluruh guru-guru menengok ibuku. Ibu Suliyah, Ibu Soemiyati, Ibu Mien ( sekarang udah alm). Pada saat itu ibu Soemiyati dan Ibu Suliyah dalam kondisi struk (maaf, bila berjalan salah satu kaki harus diseret). Sangat memprihatinkan, buatku itu perjuangan yang luar biasa, dibalik itu aku bisa ngeliat indah-nya silaturahmi.
Tentang data guru yang masih sugeng, bisa ditanyakan ke Endang, putranya bu Suliyah. Karena sampai saat ini pertemuan guru-guru ex SMP3 masih terus berjalan//nyAP//

 
On Desember 30, 2008 , Anonim mengatakan...

Lhoo,..BuMien iku wis sedo,BuSoemini loo sing ayu iku?sing daleme ndik Iglas,A.Yani?masyaAllah rek! wong pas reuni akbar taun2003 ta2004,gitu loo aq jik ketemu beliau,BuSumiati barang.Mugi Beliau2 pinaringan gunging pangaksami,tinampi semua amal ibadahnya,Amin.Lho..iyo,sampek lali,kita nduwe konco yg amat membanggakan mbiyen,NILAKANDI,si jago renang PON,SEA Games.Nila nek sekolah mesti rambute teles,wong lagek mentas teko kolam renang Brantas.Arek iku gaene nyritani konco2ne ttg Zoraya Perucha Yusharyahya,Zsa Zsa Quamila Yusharyahya, Yerry Item,Nanik Yuliati Sukandar.Rom,Kohar,kon gak kangen Nila,ta?(Dian"Olive")

 
On Januari 18, 2009 , Unknown mengatakan...

Rek ojo lali karo aku masio jarang kumpul2.......
paling setahun sepisan...
ojo lali karo aku risa sing endel tapi manis and ayu lo......

 
On Januari 19, 2009 , Anonim mengatakan...

Lo lak temen to jeng risa wis mencungul, yo ngono ris, masiyo sibuk arep dadi pemusik handal ojo lali yo karo konco2ne smp, waduh des dadi TKI emoh rek indonesia sik butuh aku, nang kono gak iso reunian he..he.......***tri

 
On Januari 21, 2009 , Anonim mengatakan...

wah iyo ternyata guru2ne awake dewe iku ga kalah karo model2 awak dewe ga merhatekno nek guru2 iku wis gaya.
nek iso foto2 iku digawe slide trus ditampilno nang acara reuni.
trus usul kudune ono tim sing nglacak daleme guru2 rek ben iso rawuh kabeh.
sing duwe koleksi foto iku sopo aku jane yo nggoleki rupaku biyen koyo opo....jarene lunyu eh lucu.Goleki nang omah sby sik durung ketemu.
Tri nek awakmu dadi TKI engko p Nekad iso klepek2 lho.
Nek ga salah aku yo dadi tim volly tp koch ga ono fotoku yo ....opo aku sing dadi wasit.salam ####desti

 
On Januari 22, 2009 , Anonim mengatakan...

Anie Trie (SMP3'76) wrote:
Eit..!,sorry kelewatan rek, tibake ono Ariesza...sungguh rawuh,bu...apa kabar waduh, nang endi ae awakmu rek. Mugo-mugo awakmu gak lali ambe aku yo..nek aku ngono pasti kelingan awakmu, sing selalu tersenyum, paling rese ama poni rambut-mu, dikit-dikit nyisir, lengan baju gaya preman (digulung satu lipatan keatas), ujung baju yg diperut di-iket/di cancang,sret !!, neng ngguyu suaramu buanter, kocomotomu modis..awakmu manis tur ayu, iku so pasti.
Ndisik bangkumu ndik mburiku,rek !. Aku selaku terpesona ndelok awakmu gape nulis indah...Waktu ndik kels 3 C, aku sak bangku ambe Budi Rahayu, sementara awakmu sak bangku ambe Prima Agustina, aku sering ketemu dekne nek reuni SMA ato SMP ndik JKT. Budi Rayahu juga ndik kene, insyaallah awake dewe iso ketemu kabeh yo..awakmu saiki domisili ndik endi, anakmu piro ?.
Kagem Cak Desti,
iyo koyone usulan panjenengan iku emang bagian dari agenda-ne konco-konco Suroboyo sejak awal. Aku juga wis ngomong ambe Endang putrine ibu Suliyah, untuk nyuwun data ke ibunda tercinta, tentang data guru yang masih sugeng karena beliau masih sering ngadain silaturahmi bersama.
Perihal foto jadul tim volly, koyone Ricardo duwe lumayan akeh..coba engko tak telpon-in dekne yo...eh, opo cak, dadi wasit ? walah cak nek lali yo lali tapi jok usah narsis ngono ta rek....koyone kemungkinan dadi wasit kok nihil yo...he...he.//nyAP//

 
On Februari 15, 2010 , Anonim mengatakan...

wah aku baru nemu blog ini...haii teman2, masih ingat aku ya...audie