

Detik-detik menjelang hari Raya Idul Adha....
suatu hari istimewa yang sengaja dipilihkan untuk mengingatkan kita
tentang betapa pentingnya arti IKHLAS dalam hidup ini.
suatu hari istimewa yang sengaja dipilihkan untuk mengingatkan kita
tentang betapa pentingnya arti IKHLAS dalam hidup ini.
Selamat berjuang, kawan !!....
//aN//
//aN//
12 komentar:
aN is back.....alhamdulillah.
thanks to all of you yang udah pada bersusah payah kirimkan doa buat support akyu...terbukti doanya tok- cer.
Rek,
sangat bersyukur ...setelah beberapa hari terbaring manja di sudut rumah sakit, akhirnya hari ini akyu datang dengan membawa kambing dan sapi bakal lebaran haji nanti....deloken tah, yok opo rupane calon hewan kurban sing wis tak siapno...cukup seksi dan menggemaskan, kan ?. Kiro-kiro sopo sing bakal nulungi aku motong dan membagikan daging kurban iki...pokoke ...sing kape nyembelih mengko kudu siap-siap belati-ne sing landep yo. Terus sing nggoceki sikile sapine sopo...?
Cak Era, LEO, Budi Sj, cak ITEM...hooooi...hayo ndang mrene, ewangono akyuuuu....
Sik aku tak mbengok nang mburi gardu, koyone arek wedok-wedok klesetan ndik kono...hoooooi, TUTY, HEPPY, TRI, PRIMA, WIWIED, NUNUN, RATNA, DIAN ....tulung ndang mrene, cepet ngiris lombok, bawang, gawe bumbu sate & gule....awak wis suwe gak kembulan maem bareng rek.
Delokean tah rek, RUSLY, DESTI ambe cak DOLLY gak tak gugah...biarkan mereka merem, terlelap buat menikmati sepoinya angin "GARDU" yang nyaman ini...mengko nek panganan wis podo mateng, baru digugah. //aN//
Pak Era,
sakit apa cih ?knp jadi ikutan sakit yak ?....makanya jgn kebanyakan jalan-jalan aja, kalo kemana-mana ajak aku biar ada yg jagain geto...jagain makanannya, maksudku...he..he, jangan ngeres dulu, pada !....
Ya udah, met istirahat...get well soon ya!
//aN//
Buat para FECEBOOKER....
yo olo cin, gara-gara sekong, banyak juga temen2 yg pada simpati..poko'nya mksh udah pada ngeramein my wall, tapi maklumin akyu, ye...yang cmn bisa ngeliat commentnya dong, blm juga bisa kasih respon via fesbuk, abisnya di ktr kaga boleh buka fesbuk. Apalagi main FB di HP, juga terlarang...halah, susyah banget dah...pokoknya makasih ya, cin !//aN//
Hehehehe ..... Aniek ... wah bungah banget aku Niek awakmu iso orat-oret nang kene meneh ... yowis wedus lan sapine ndang siapno kene , aku tak sing bagian dungo ... hhehehe ,.. eh lali sing bagian dungo lak cak Salam ... lek tak bagian delok ae yo ... hehehe... Oiyo lha cak Era iku opo loro tenan to ,ndang waras yo Er ... tak enteni lho yo , arek2 gerdu '76 ayo rek .. hehehehe//bsj
SALAM....? hah...?
BSJ, awakmu gak salah ngomong tah ?
rodo kaget ketika kata itu disebut....lima huruf ini emang paling sering bikin ringan penderitaanku...swear !!. Cuman belakangan, radarnya rada susah terlacak,entah kmn? Pdhl aku yo wis mbuka website kangen.com...tapi gak ketemu juga. Kiro-2 awakmu iso nulungi tah, BOED ?
Eh, rek...
ojo lali, menjalankan puasa lho yo...sunnah rek, mayan buat tabungan amal. Masalahe nek gak awak dewe, tabungan amale, gak ono sing ngiseni....transfer pahala juga blm tentu iso nyampe. BSJ, awakmu kudu sing pinter ngejak ibadah arek-2 lanang, ojok cuman iso nge-jazz terus ae.
Wah ngomongin JAZZ...aku dadi kelingan DIAN Olive.
DIAN olive kirim sms, dekne ngomong nek gurung iso "ON AIR" mergo sibuk menyelami peran sebagai eyang (alias momong cucu) dan parahnya lagi, di rumah barunya belum leluasa buat akses internet. ...dadi sampe saiki masih harus menahan diri buat nulis ndik kene
Rek,
ngomong2 aku ojo disalahno mergo nulis ndik kene terus lho yo. Itulah kekuranganku, gak mampu brenti ketika udah kesenengan nulis...meski wis menuai protes sekalipun.
Selain itu, aku sangat faham, koncone dewe emang cuman podo seneng buka-tutup blog, terus ngintip doang,pengin tahu, sopo yo sing kiro-2 wis nulis, mari ngono mringis dewe... ...terus mesam-mesem dewe...tapi buat nulis .??? buka ntar dulu !!
Cak LEO...?
endi arek iki, kok gurung nongol juga.
Biasane wis bengak-bengok ruame, opo mergo kesibukan "koco miring" meningkat menjelang tahun baru ngene...?? he...he. Aku wis kangen ulah usil-mu., rek...Ayo muncul...
Weeey, aku eling DHS ?
Koyone mau aku ndelok sekelebat dekne numpak sepeda, liwat ngarep gardu...tapi kok gak mampir yo? Opo lali carane nge -rem (menghendikan) sepeda .. iku yok opo. Ne k iyo, kape tak celukno RUSLI, cek iso diwuruki, piye carane nge-rem speda.
//aN//.
walah Niek yakopo se awakmu iki nggolek i kok nang website kangen.com kudune yo nang website takgendong.com ..... hehehe sabar yo Salam pokok e sing bagian dungo yo cak Salam mergane dungone iku manjur galamanjur ...hehehe iku lek sing tepak ...hahaha ....
Wis talah Niek kehadiranmu nang Gerdu iki ..wah pokok e sip galagasip cuman iki lho sing jenenge cak Leo iki nduwe gawe opo yo ... mari bengak-bengok celuk2 kok ngilang opo kakean job2an kemantenan atw sunatan yo ...
Lek sing cowok2 iku yo persiapan kurbanan lho Niek ..... Lek masalah puasa jangan kuatir Niek trs untuk gawe pengeling-eling pas Kajian dek ingi aku tak Gundul plontos koyok Kojek meneh ..... hehehe ( tak kandani Niek yo cewek2 Arab kono iku paling seneng lek ndelok cowok Gundul Plontos trs nduwe brewok koyok aku jarene iku atine langsung gregeten & gemeteren kepingin ...kepingin ... kepingin mbalang .... hahaha)
Yuk rek lek wis oleh wedus atw sapi ndang mampiro gerdu yo ....//bsj
PLUGG !!!
Duuh, ndasku sing kene' balang rek !. Awakmu sing ngomong, awak sing bundas.
BSJ...Eh aku kapene curhat..aku iki wis rodo kangelan ngurusi titipan hewan kurbane arek-arek. Gara-2 lambemu sing ajak-ajak nggowo sapi mrene. Iki mau aku kepegelen ngarit suket polahe telek pakan sapi-ne arek-2. Uwis akeh sing nitip wedus ambe sapi nang kene lho.
Cak DESTI, sapine kok cik lemune rek...aku dadi rodo pe de...mergo sik ono luwih gede timbang awak-ku ...he..he. Bareng tak perhatikno weduse DIAN, kok nggawe benges barang se ?....grodo genit ngono lah.
Sementara begitu tak delok kelakuan sapine cak VERIZON, koyo mepet nang sapi-ne Anita ....lho kok iso se ?
Opo meneh, kon ngerti tah..sapine cak ERA, gak iso dicancang ...pengine metu kandang terus...soale kape nyamperin weduse Wiwit..hua..ha..ha, wis tambah ngelu aku Boed. Sik kaet sehat, lha kok tugas wis menggunung....angon ternak, pisan!. Hadah !!!!//aN//
Nggak opo2 Niek idep-idep gantine latihan senam timbangane joged yo wis kangelan enak an nyereti wedus karo sapi ae .... hehehehe.. oiyo Niek lek sempat ndelok o foto fbku .. nang kono ono aku pas latihan pernapasan comen ne yo macem2 mulai pembelajaran sampe sing nggojlog .... //bsj
Sepurane, unt sementara no comment dhisik..... (lagi loro untu, 'khali...)
NYESSS....!!!
rasaane adem tenan atiku rek,enak tenan !!
awak sik panas-2 angon wedus ambe sapi ndik lapangan, dadak muncul comment from cak Salam....waduh, senenge.!!
Masio cuman sebaris kalimat sing gurung ono isine, tapi rasane suejuk...suejuk nemen...
BOED, aku nggumun kok iso ngono rasane yo ? Menurutmu kenopo....maksudku opo penyebabe kok iso muncul rasa sejuk?...kon jok mesam-mesem ngono, ayo ndanng dijawab.
BOED, aku gurung iso eksis ndik FB rek...polahe ndik kantorku gak oleh. Opomaneh FB nggawe HP, mbon angsal..dik. Mungkin maksude supoyo konsentrasi olehe angon wedus iki.
Oiyo cak SALAM, sampeyan kape nitip sapi pisan tah ? mesisan olehku ngarit suket...tanganku wis kadung bundas kabeh, gak nok sing ngewangi. Cak ITEM ambe LEO, gak balik-2 mrene....padahal mek dikonkon tuku bumbu gule, lha kok malah gak njedus...duh, tego nemen rek. Oh nasib..nasib...kok yo ngene temen rek.
Iki mau saking awak-ku kepegelen, para sapi ambe wedus tak pasangi pampers, cek gak kesel nek ngresiki kotorane. Liyo dino nek kape riyoyo idul adha aku kape ngajak sopo sing iso ngancani aku nunggu kandang, cek gak umeg dewe ngene iki.
Bwat WIWIT...he..he, sepurane tibake sing diuber sapine era iku dudu wedusmu, tah ? Oalah rek, tiwas tak repot-no nek iku mau wedusmu. Lha terus iku ngono weduse sopo yo ?....
Bwat HEPPY, PRIMA, TUTIK, YULIA,...tulung ndang mrene yo.Ayo siap-2 masak rek. Mene isuk wis takbiran lho...
Bwt temen-2 yg lain...met puasa ya. Smg smua amal ibadah diterima Allah SWT. Amin....terus besokannya, met lebaran ya //aN//..
Walah Niek yak opo se koen iku wis tak belani ngarit, tuku wedus sing gedene sak sapi sampek2 nyeret rono iku aku ngejak ewang cowok gerdu Fudolly,Era,Desty,Leo,Joko,widodo,Item dll .... bareng teko cak Salam mek saknyuk an langsung atimu adem ... aduh nelongso atiku ... ihik.ihik.ihik ...kenek opo yo Niek atiku iki ... opo podho karo atimu nang cak Salam ..... hehehehe ( sing eruh awakmu dewe lho yo ... hahaha ) //bsj
Wedus , sapi wis dibelih, dimasak sate, gule, kare, kikil,waa..kolesterol kabeh. tapi eunak rek....eh sing podo masak mbok aku dikirimi poo, ojo di pek dewe...***tri